Kamis, 22 Juli 2021

Wulangan 1 Dolanan Tradisional

 Ana akeh banget jinising dolanan tradisinal yaiku contone :

  1. Gedrik/ engklek
  2. Engrang
  3. Dakon
  4. Gobak sodor
  5. Luncatan

Dolanan tradisional iku wigti banget kanggo nyinau piwulang becik, bocah bocah ugo di diwarai sinau guyub rukun, tulung tinulung, lan bisa ngudi kasarasane badan.

Wacan Narasi Yaiku wacan kang surasane ngandharake kedadeyan kanthi runtut saka wiwitan nganti pungkasan. Wong kang maca kaya - kaya ngalami dhewe kedadeyan kang  diandharake

Ciri - cirine wacan Narasi :

  • Ana urutan kedadeyan (alur)
  • Ana paraga kang ngalami kedadeyan lan wewatakane
  • Mratelakake wektu, papan, lan swasana kedadean (latar)

Wacan Dheskripsi yaiku yaiku tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake wewujudan (objek, panggon) utawa kedadeyan kanthi njlimet/ rinci, nganti seng maca rumangsa kaya nyawang utawa ngalami kedadeyan dhewe objek sing digambarake panulis

Titikane Dheskripsi

  • Nggambarake wewujudan ( objek, panggon, lan kedadean) tinamtu
  • Njlentrehake samubarang kang nudhuhake pakaryane indriya
  • Nuduhake wujud, warna, ukuran, rsa, ganda, lan kahanan liyane
  • Pamaca kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami dhewe kedadeyan

Wacan Eksposisi yaiku ngandharakake samubarang kanthi tujuwan menehi kaweruh utawa wawasan

Wacan Argumentasi yaiku njlentrehake saweneh ide, gagasan, utawa pamrayoga kanthi migunakake bukti lan fakta

Wacan Persuasi yaiku ngandharakake saweneh bab kanthi tujuwan mbujuk supaya manut kang dadi karepe

Titi cara ne maca wacan kathin beck

  • Pangucap ( lafal pangucap kudu teteh/ fasih, bener, lan becik, pangucap e kudu cetha lan resik, ora kena mangu - mangu)
  • Wirama ( wirama yaiku intonasi utawa andhegan nalika maca. Ana lagu utawa intonas pawarta, pitakon, lan takon. Tetelune andhedhasar jinis ukara)
  • Ekspesi lan solah bawa (ekspesi lan solah bawa iku dhasare isi lan swasana kan ana ing wacan)


Coba sak iki latihan maca kanthi titi cara kang bener tuladha wacan narasi lan wacan dheskrisi !


Tidak ada komentar:

Posting Komentar